menyediakan informasi unik,menarik tentang segala sesuatu yang ada di sekeliling kita

RAMALAN GERHANA

Suro : Iku ngalamate akeh wong pitenah, lan akeh wong kacilakan. Gerhana ing sasi Sapar : Iku ngalamate segoro surut lan kali akeh kang asat. Larang udan, nanging akhire akeh angin lan udan. Gerhana ing sasi Mulud : Iku ngalamate bakal akeh udan lan angin. Gerhana ing sasi Robi'ul akhir : Iku ngalamate akeh wong sugih ngalih panggonan, wong kang cupet akeh kang podo kangelan. Gerhana ing sasi Jumadil awal : Iku ngalamate akeh udan thathit lan bledeg sesamberan. Gerhana ing sasi Jumadil Akhir : Iku ngalamate lana sakehing tetanduran, gogo gampang pakolehe. Murah gampang golek pangan, murah kang sarwo tinuku, gampang golek kanikmatan. Gerhana ing sasi Rejeb : Iku ngalamate akeh wong kacingkrangan 'kekurangan'. akeh wong padudon, akeh bilahi lan akeh bledeg sesamberan. Gerhana ing sasi Ruwah : Iku ngalamate wong nenandur kabecikan, akeh wong manjurung puji. Gerhana ing sasi Poso : Iku ngalamate akeh wong bungah-bungah, nanging ono pageblug. Gerhana ing sasi Sawal : Iku ngalamate akeh barat gede, panggede podo tukaran, akeh leloro lan pepati. Gerhana ing sasi Dulkaidah : Iku ngalamate akeh lesus 'angin gede'. Kekayon akeh sol angowahake bumi. Gerhana ing sasi Besar : Iku ngalamate akeh wong kang podo bungah, lan akeh wong podo munggah kaji asuko- suko.